Tiyang jawi, sampun tindhakaken basa jawi lan ngraosaken saenipun nggagem basa jawi. Kula sinau basa jawi mbeten namung kangge nginggilaken biji wonten rapot, kula sinau basa jawi kagem nambah ilmu. Saking sedaya ilmu menika kagem gesang wonten mbenjang. Kathah tiyang remehaken basa jawi lan nggangep basa jawi menika basa mboten trep kaliyan jaman sakmeniki.
Ing saat menika basa jawi kawon kaliyan basa inggris. Nanging mboten ngantos sinau basa inggris langkung penting katimbang sinau basa jawi. Nggagem basa inggris menika mlebet basa Internasional nanging ampun ngantos tiyang jawi fasih basa inggris katimbang ngginakaken basa jawa piyambak. Kula angsal ngginakaken basa inggris amargi kagem prestasi ingkang becik. Nanging ampun kesupen ngginakaken basa jawi. Basa jawi menika basa ingkang luhir lan indah. Basa jawi ugi sanget migunani kagem sesrawungan wonten lingkungan masyarakat jawi. Menawi kita mboten sinau basa jawi, kita repot sesrawungan wonten masyarakat.
Basa jawi saged latih tiyang ngginakaken piyambak wonten saat lan mboten tumindhak ingkang mboten wajar. Ungah-unguhing basa jawi saged ngurangi tumindhak kasar, sawenang-wenang, angkuh, sombong, ugi nebehaken perselisihan sesami tiyang.
Ngagem basa jawi menika kewajiban menika iku kewajiban tiyang jawi. Nggagem basa jawi ingkang leres menika salah setunggalipun watak tresna kaliyan daerah kita piyambak. Kewajiba kula sakmenika ngginakaken basa jawi ingkang miterat paugeran lan ngantunaken supado mboten ical kanthi akhiripun zaman
0 comments:
Posting Komentar