Njaluk Ngapura Kanca

Nalika aku SMP, aku dhuwe kanca jenenge Hemas. Hemas iku kancaku  ing SMP Nagari 20 Ngayogyakarta sing lara lapa leukimia, sing tambah dina saya parah, ning Hemas ora tau sambat karo lara sing dirasake, deweke uga ora pengen wong liyane ngerti babagan lelarane sing wes 7 taun deweke rasake, dokter wes ngefonis menawa umure Hemas ora suwi meneh, kuwi artine Hemas sedilit meneh arep seda ninggalake kita kabeh ing Sekolah.

Pas Hemas mlaku neng kantin bareng Prapti kancane, ujuk-ujuk Hemas sambat yen sirahe mumet, ning Hemas ngupayake nutupi mumute kuwi, amarga deweke ora pengen kancane kuwi khawatir kaliyan deweke.
 
“Kowe dhisikan wae, pati. aku arep neng kelas sikek,” jarene.
“Oh ya. ora papa, neng nek kowe butuh srayaku ora sah isin-isin ya,” wangsul Prapti.
“Oke. sip,” jare Hemas seng lagi nutupi rasa lelarane kuwi kaliyan kancane lan cepet-cepet lunga neng kelas.
 
Sadurunge tekan neng kelase pas neng ngarep panggonan guru, Hemas ujuk-ujuk pinsan amarga wes ra kuat nahan rasa larane sing dirasake kuwi.
Unjuk-unjuk pak Adi guru fisikaku terus nggawa Hemas neng UKS, lan ndang ngebel wong tuwane Hemas kangge rawuh dhateng sekolah supados kanti Hemas mulih.
Dhilalah ing sekolah Hemas dhuwe pacar sing jenenge Prabu, deweke bocah basket sing paling bagus sak sekolahanku, lan Prapti, kancane Hemas yo seneng karo Prabu. Prabu kuwi wes bagus multitalent meneh, sapa seng ora gelem dhuwe pacar kaya deweke.
 
Miturut Prapti, Hemas kalebu wong sing pintar, disenengi wong akeh, apik bubudine, lan seneng tetulung, ora tau ngrekasake wong liyane, deweke mesti mandiri. Beda banget karo watake Prapti, Prapti pengen dadi wong seng kaya Hemas, nanging Prapti ngerti nek kuwi ora bakal bisa. Saben sasi,  ibune Prapti kedah nelasaken arta belanjanipun namung kangge numbasaken Prapti jam beker amarga deweke susah tangi, lan pas jam bekere muni, mesti banjur ngebalang jam bekere, nganti rusak.
 
Ujuk-ujuk lamunane Prati buyar, “Prapti...”.
Kayane ana uwong seng ngundang Prapti, batin prarpti. “Prapti...”
 
Suara kuwi meneh, batin Prapti, uh aja-aja panggonan iki angker, banjur aku karo Prapti ndang mlayu seko taman ngarep UKS kuwi. Pas Prapti mlayu ujuk-ujuk ana uwong seng nyeret deweke seka mburi.
 
“Prapti.....” jerit wong kuwi.
“Ngapa ta?” wangsul Prapti, sambi mbalik awak, lan kaget.
“Pancen, diundang seka ket mau ora tau krungu,” jare wong kuwi.
 
Jebule, Prabu sing ngganteng kae ngundang Prapti, saiki deweke lagi neng ngarepe Prabu, ngomong bebarengan karo Prabu ki rasane kaya neng surga,
 
“Prapti..” jerit wong kuwi.
“Iya Prabu, ana apa ? hobby-mu ki gawene ngageti uwong wae,” wangsul Prapti kaget,
“Dudu hobby, nanging kowe kuwi seng ra njawab pitakonanku, apa kowe saiki ra gelem ngomong karo aku?” wangsul Prabu.
“Dudu kaya ngana kuwi karepku.  Aku mau krungu kok nek kowe mau ngomong apa karo aku, sorry ya Prab ra nesu ta?” kandha Prapti
“Prabu..” ana seng ngudang Prabu
Ujuk-ujuk ana suara seka lapangan sing ngundang Aku karo Prabu kuwi jebule Reva kancane basket Prabu,
“Ngaputen ya Prap aku kudu lunga” jare Prabu karo aku.
“nang....nging” durung rampung Prapti ngomong karo deweke, deweke malah terus lunga ninggalake Prapti ing koridor sekolah, ihh merga si Reva seng crobo kuwi, sing rupane kaya jamban,,, wahes mangkel tenan Prapti.... Yoweslah luwih apik Prapti lunga neng taman.
 
-ing Taman-
Prapti mlaku ing tepi taman lan lenggah ana ing kursi taman sing warne putih,, nang kono aku karo Prapti namung ndelok wong seng lago do seneng pacaran. Pas Prapti dewean ing taman, deweke kelingan rupane Prabu pas ngundang mau. Prapti malah dadi ngguyu-ngguyu dewe kaya wong edan.
 
Ujuk-ujuk lagu Trio Macan-Iwak Peyek kesetel seka ponsele Prapti ndhilalah ana sms seka Prabu.
“Prapti... aku ngenteni kowe ing Waton Cafe saiki,” isi sms-e Prabu
 
Prapti banjur ngebel taksi. Sawise taksine teka, Prapti banjur numpak taksine menyang Waton Cafe.
Pas Prapti nang prapatan dalan Yoga, ndhilalah nang kana macet.
Ing dalan taksine ora mandhek-mandhek nguneke klakson, supaya wong akeh ngerti nek Prapti lagi kesusu. Sawise ngenteni arep setengah jam nang dalan Yoga, akhire taksine isa maju. Pas wes tekan Waton Cafe,  terus Prapti mbayar taksine. Banjur mlebu neng Waton Cafe.
 
-ing Waton Cafe-
Seka kadohan Prabu ngundang Prapti,
“Prapti...” undang Prabu.
“Hai Prabu, aku njaluk ngapura amarga wes nggawe kowe ngenteni suwe” wangsul Prapti sambi nyedaki Prabu.
“Oh, santai wae, aku wes biasa ngenteni wong. haha” wangsul Prabu rata sambi ruket Prapti.
“Njaluk ngapura Prab,” jare Prapti, sambi nguculke ruketane Prabu.
“Oh okay,” jarene Prabu.
“Ngomong-ngomong kenapa kowe ngajak aku nang Cafe iki, ana seng arep diomongke po?” wangsul Prapti alus.
“Ana seng arep tak omongke ro kowe, ti,” jare Prabu sambi nyekel tangane Prapti.
“Hmm, sakjane ki kowe arep ngomong apa ta, Prab. Nggawe penasaran wae,” Jare Prapti.
“Sajkjane ki aku tres... tresna,” Kandha Prabu.
“Apa? Kowe seneng suasana cafe iki?” wangsul Prapti
“Du...dudu,” wangsul Prabu.
“Terus apa, mas?” takon Prapti.
“Aku tresna njenengan, dek,” kandha Prabu.
“Hah? Mas tersna aku? Nanging kowe kan wes ana seng dhuwe,” wangsul Prapti.
“Iya. Nnanging aku luwih tresna kowe, Prap, amargi kowe luwih ayu tinimbang Hemas, Piye, ti. Gelem dadi pacarku ra?” kandha Prabu.
“Iya, Prab. Aku gelem dadi pacarmu, sarehna kudu dadi pacar wadimu,” wangsul Prapti seneng.
“Tenane ti,” deweke takon meneh.
“Ya tenanlah,” wangsul Prapti.
 
Sawise aku suwi ngomong karo Prabu, ujuk-ujuk tembang Trio Macam – Iwak Peyek kesetel seka telponku, sawise Prapti ndelok ing layar telponku jebule ana telpon seka ibu.
“Ngapunten ya, ana telpon seka ibu,” kandha Prapti.
“Oke, cah ayu,” wangsul Prabu.
Cepet-cepet Prapti ninggalake Prabu lan ngangkat telpon seka ibune.
“Assalamu’alaykum, buk,” kandha aku alus.
“Kowe saiki nangdi, ndok?” takon Ibu Prapti.
“Aku sakmeniki malih ing Waton Cafe, wonten menapa, buk?” takon Prapti.
“Ibu njaluk kowe saiki menyang neng RST,” kanda Ibu Prapti samba nutup telpon.
Hmm, kira-kira ana apa ya? Batinku, terus aku mbalik nemui Prabu kanggo pamitan bali.
“Njaluk ngapura, kang mas, aku kudu ketemu ibu nang RST saiki,” wangsul Prapti lirih.
“Oh ya rapapa, perlu tak terke po?” takon Prabu.
“Oh, ra perlu kang mas, aku numpak taksi wae,” wangsul Prapti.
“Oke. Ngatos-atos nggeh, dek,” kandha Prabu sambi ngambung keninge Prapti.
“Sip,” wangsul Prapti.
Bajur Prapti nyegat taksi, terus menyang RST. Nang dalam Prapti kelingan kedadean nang cafe mau pas bareng Prabu, nek deweke wes wani kianat karo kancane dewe.
“Njaluk ngapura Hemas mung merga lanangan, aku ngrusak perkancaan awakdewe iki,” batin Prapti ing njero ati.
Pas wes tekan RST, jebule ibune Prapti wes ngenteni Prapti nang ngarep RST sambi nangis,
“Wonten menapa bu?” Prapti takon karo ibune.
Ibunipun Prapti namung anteng mawon, boten  ngocapaken satunggal ukara, lan lajeng ngekanti Prapti ning ruang melati lantai 6. Jebule. Hemas wes seda.
“Ngapa Prapti ora dhuwe firasat babagan Hemas, malah deweke lunga ketemu Prabu neng cafe kuwi. Prapti getun tenan. Pengen rasane mbalek neng wektu kuwi, aku njaluk ngapura karo Hemas, lan aku ora pengen kianati perkancaan seng wes ana saiki,” batin Prapti.
 
Sambi nangis, Prapti janji nek ora bakal mbaleni meneh gaweane seng ngrebut Prabu seka Hemas. Prapti kelingan mbok saiki kedadeane Prabu tetep wae pacare Hemas, Prapti kudu nggandani Prabu nek Hemas wes seda. Prapti cobi nggoleki nomere Prabu, jebule ora ana.
Ujuk-ujuk Prapti dikirimi sms seka Reva menawa Prabu uga wes seda amarga tabrakan  ing dalan delima sawise bali seka Waton Cafe. Prapti ra ngira nek 2 kancane wes pada ninggalakae deweke dewe. Prapti mung isa nangis. Prapti getun tenan.
Pas ing pesareane Prabu lan Hemas, Prapti ngrasa salah tenan, amargi wes dadi wong katiga ing pacarane dheke,
 
“Aku njaluk pangapura Hemas, Prabu ngapa kowe teka nang uripku iki,” kandha Prapti.
Prapti cobi ngikhlasake wong seng ditresnani kuwi, kam lekas mbuka dina anyar tanpa Hemas lan Prabu. Kabeh kedadean iki nggawe Prapti ngerti babagan artine urip, kelangan, lan tresna

0 comments: