Batik Salem utawi ingkang dipunkenal kanti motif Batik
Brebesan menika salah satunggal kasugihan saking Kabupaten Brebes, ingkang
dados penghasilan warga Dusun Bentar lan Bentarsari, Kecamatan Salem. Nami Batik
Salem ing ing karna masyarakat awam dereng kondang kaliyan Batik Solo, Ngayogyakarta
utawi Pekalongan. Batik pedamelan niki tasih damelan rumah tangga. Nanging
beten wonting ingkang ngertos, karya batik damelan masyarakat Dusun Bentar lan Bentarsari,
Kecamatan Salem, Kabupaten Brebes kasebat gadhah kasaenan ingkang beten
digadhahi daerah sanes.
Batik brebesan ing sakmenika saged bersaing rebat
peken nasional lan internasional kathah dipun remeni daerah sanes. Balai Besar Kerajinan
Batik Jakarta nyerat macem-macem motif ing kedadosan abad ke-17, 18 lan 19.
Menika faktor penyebaran batik ing macem-macem tlatah. Perang sedulur
Kasultanan Mataram taun 1680 antawis Pangerang Puger kaliyan Amangkurat III lan
VOC saged medalaken Batik Banyumas. Keadaan batik brebesan antawis abad 19
pepatipun taun 1917 masehi. Midanget sumber ingkang wonten keberadaan Batik Brebes
utawi Batik Salem berawal saking kedatengan putri pangarsa Pekalongan ingkang
wonten Salem lan Brebes. Ing nalika menika putri kasebat kasesem pemuda salem.
Lajeng manggen ing Dusun Bentar. Saking kedadosan menika, keberadaannipun Batik
wedal ing Dusun Bentar lan merambat wonten dusun tetanggenipun kados Dusun Bentarsari,
lan senesipun. Warga ingkang putri wiwit mangertos kerajinan batik ingkang
dipun sinauni kalih putri. saking kemajenangan saat menika
Batik Salem lajeng medal werna-warni bentuk
antawisipun motif kopi pecah, manggar, sidomukti lan plataran ukel saking ciri
khasipun warna cemeng lan pethak. Wedal menika sampun dumugi peken nasional.
Mila saking menikakagem ningkataken, pembeli batik brebesan lan daerah
sanesipun. Saged dipun tingkataken motif-ipun antawisipun motif cicak, baya,
brambang abrit, sangkawung, gringsing, gribig endhog asin, mangga, merak
ingkang cocok diagem kagem batik brebesan. Reginipun sakmenika kathah variasi,
wonten ingkang awis lan mirah. Niki saged nambahi aspek budaya lan bentuk
pengembangan batik.
Ing wedal menika pangandikan batik ing tlatah Pantura
(Pantai Utara) Kilen, Jawa Tengah, caket kaliyan Pekalongan ingkang sampun
nggadahi kluster pengembangan industri batik. Ing wedal menika Kutha Tegal lan Kabupaten
Brebes gadhah potensi kagem sentra batik ing tlatah ingkang sami. Saking 17
kecamatan ing kabupaten brebes, pusat pengrajin batik menika wonting Kecamatan
Salem. Menika wont ing 2 dusun nggih menika Bentar lan Bentarsari. Midherek catetan
saking Dinas Perindustrian dan Perdangangan Kabupaten Brebes, ing dusun menika
wonten 200 pengrajin batik.
Mbokmenawi wonten pitakenan wilayah salem menika
dados pusat industri batik. Miturut geografis kecamatan menika ing Brebes Kidul
lan dimaksimalaken lan dikembangaken kagem motif batik pedalaman tinimbang
batik pesisiran. Midherek kajian Masiswo (2009) ciri khas batik salem kathah
dipengaruhi kaliyan Batik Pekalongan, Batik Surakarta, Batik Ngayogyakarta, Batik
Tegal, lan Batik Banyumas.
Kejawi usaha pembatik, kemajengan Batik Salem beten
lepas saking wigatosan Pemerintah Kabupaten lan Provinsi. Kejawi maringaken
pelatihan lan pembinaan, Pemkan ugi srgep ndherekaken hasil perajin wonten pameran
batik ing tingkat propinsi utawi tingkat nasional. Pemkab Brebes mewajibkan PNS
ing instansi wilayah Brebes kedah ngagem Batik Salem.
0 comments:
Posting Komentar