Sesorah Babagan Narkoba

Assalamu’alaykum wr. wb.
Nuwun, dhateng Bapak Ibu Guru lan Karyawan dahat pinudhi-pundhi lan para murid ingkang rena ing sasana
Pamuji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit saking rahmatipun, kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan satemah saged pinanggih manunggal wonten papan menika saperlu  rawuh wonten ing acara penyuluhan Bebayaning Narkoba Tumrap Kawula Mudha kanthi wilujeng kali sing sambekala.

Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan bebaya narkoba kangge pelajar kanthi sesirah: “Bebayaning Narkoba tumrap Kawula Muda lan Pelajar”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Mboten saged dipungkiri, penyimpangan narkoba ingkang sampun dumados sakmenika, sampun menyentuh lapisan masyarakat lan sanesipun. Mbok menawi penyelewengan narkoba sampun dumugi tiyang enom lan pelajar. Mila saking menika kedah dipungatosaken saking ingkang berwajib amargi tiyang enom penyambung masa depan.
 
Mula bukane pelajar ingkang ngangge narkoba saking kenalan kanti isap rokok. Isap rokok menika kebisaan pelajar sak meniki. Saking kebiasaan menika ,terus meningkat ngisap narkoba, lajeng dados kecanduan utawi ketergantungan.
 
Narkoba menika zat bebaya lan mboten sae. Narkoba ingkang kathah, pelajar menika penerus bangsa ingkang kedhah dipuntebihaken kaliyan zat-zat wisa menika. Narkoba menika zat psikotoprika, inggih menika zat ingkang saget ngrisak system saraf lan raga sahingga saget ngrisak kerja saraf lan ndhatengaken gangguan mental utawi kejiwaan pengagem. Nanging babeya menika mboten dipunganthosaken kagem pengagem, ingkang menika kathah catatan kagem pengagem narkoba wonten ing Indonesia.
 
Narkoba saget ngganggu saraf amargi narkoba saget ngirangi kerja saraf ingkang linuweh. Ingkang menika ngagem narkoba terus sager ngisak saraf dados rusak. Saking segi mental, pelajar badhe susah lan depresi menawi kabotanipun mboten kacekapan. Biasanipun pelajar pengagem narkoba menika nebihi lan mboten purun bergauldateng tiyang sanes. Mboten naming menika nanging saget dipuntebehaken saking kaca-kanca lan kulawarga. Mbok menawi sampun bagas waras saking ketergantungan piyambakipun susah rekaos dipunpercaya tiyang sanes.
 
Bebaya narkoba dhateng pelajar mboten naming sebatas ganggungan raga ugi mental, nanging ugi gangguan sanes ingkang dipunkajengaken. Contohipun pelajar saget mlebet wonten kejahatan amargi narkoba dilarang kaliyan hokum wonten ing Nagari Indonesia. Mila saking menika narkoba saget memida pelajar saget mendhet artha kagem mundhut narkoba ingkang reginipun awis. Kathah tiyang mboten ngertos bebayanipun narkoba sahingga tiyang teras ngginakaken dumugi dangu.
 
Narkoba sampun cetha ngandung zat bebaya kagem manungsa. Narkoba dipunlarang kaliyan Agama Islam lan mlebet barang haram ingkang saget ngrisak organ tubuh manungsa lan ndamel manungsa ical akal sehatipun sahingga ninggalaken ibadah.
 
Mila saking menika para pelajar nebehi narkoba mboten nganti mencobi utawi ngenal langsung menapa malih ngginakaken saking menika mboten wonten kaginaanipun, malah ndhatengaken kesusahan kagem piyambak lan kulawarga. Pengawasan saking tiyang sepuh, kulawarga lan lingkungan masyarakat sanget dibuthaken kagem mbimbing lare-lare penerus bangsa kanthi sinau lan nyambut damel kagem cita-citanipun piyambak lan paling utami inggih menika beriman lan bertaqwa dhumateng Gusti Allah Subhanahu wa Ta'ala nidhakaken ajaran lan akidah Agama Islam ingkang sae lan bener. Insya Allah, kula sedaya terlindung saking perbuatan terlarang. Amin
 
Kagem nyegah dhumateng peneybaran narkoba wonten ing lingkungan pelajar lan remaja, sampun sepantesipun tanggung jawab kita sesami. Ing saat menika, kedhahipun tiyang, tiyang sepuh lan masyarakat kedah gadhah peran aktif kagem waspada ancaman narkoba kagem pelajar. Usaha ingakng nyata lan sagetipun lampai kanthi kerjasama kaliyan ingkang berwajib kagem penyuluhan narkoba kagem generasi penerus lan razia rutin kagem pengangge narkoba kasebat.
 
Mangga para kanca pelajar berjuang lam mbangun bangsa kanthi pondasi Agama kangge neglanjutaken cita-cita perjuangan. Ayo padha ngadhohi narkoba!!!
 
Para rawuh ingkang kinurmatan, Makaten ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaykum wr. wb.

0 comments: