SMA NEGERI 2 YOGYAKARTA

          SMA Negeri 2 Yogyakarta menika pasinaunku. SMA Negeri 2 Yogyakarta manggen ing Bener, Tegalrejo, Yogyakarta. Ing sisih ler lan wetan, SMA Negeri 2 Yogyakarta batesipun sabin. Ing sisih kulen lan kidul, batesipun mergi.
          SMA Negeri 2 Yogyakarta menika pawiyatan pinggiran amargi penggenipun wonten kilen Kutha Yogyakarta. Amargi wonten pingir kota, suasana wonten SMA Negeri 2 Yogyakarta sanget aman lan tenang sahingga murid saget remen nderek pasinauanan. Kanti menika amargi panggenanipun pasinaun tebih saking keramean kutha. Ingkang menika SMA Negeri 2 Yogyakarta gadhah lingkungan ingkang resik lan asrep. Kathah wit-witan gesang ing pelataran SMA Negeri 2 Yogyakarta ingkang menika menawi siang udaranipun sejuk lan resik.
          Ningali kawontenan lingkungan, SMA Negeri 2 Yogyakarta ugi gadhah sarana lan prasarana penderek. SMA Negeri 2 Yogyakarta gadhah 23 ruang sinau lan sak menika badhe nambah 2 ruang sinau kasebat. Penmabhan kelas kasebat kinten-pinten mbetahaken wedal 1 taun. Penambahan ruang sinau menika dados jumlahipun 25 ruang sinau. Ing ruang kelas wonten papan tulis, LCD lan OHP. Kejawi menika SMA Negeri 2 Yogyakarta ugi gadhah panggenan ingkang kegiatan pasinaun, yaiku Lab. Fisika, Lab. Kimia, Lab. Biologi, Lab. Computer, Lab. Bahasa, uang multimedia, perpustakaan, lapangan basket, lapangan volley, lan lapangan loncat jauh. Kejawi sarana lan prasarana ingkang nyengkuyung pasinaun SMA Negeri 2 Yogyakarta gadhah ruang ruang UKS, ruang tata usaha, ruang BK, ruang wakasek, ruang kepsek, ruang piket, ruang guru, ruang OSIS, koperasi siswa, gudang, papan parkir, WC, 2 kantin, masjid, pelataran, taman, kolam, griya penjagi pasinauan lan joglo wiyata mandala.

0 comments: